• Berita Terkini

    Selasa, 30 Mei 2017

    Goda Wulan Puasa, Iyuungg Banget Pokoke

    BALI ngode ngojek, Kemplu cerita karo bojone si Markonah nek puasa dina pertama mau akeh banget godaane.

    “Sayangku, puasa dina pertama mau nyong akeh banget godaane,” Kemplu curhat karo bojone.

    “Masa sih kang?” Markonah semaur.

    “Genah iya koh, mau pas nyong ngojek ndilalah ulih penumpang cah wadon ayu, wis kaya kuwe semok pisan, eh kuwe cah wadon tangane nyikep maring pingganggku
    koh, tapi tek singkirna nnyong kemutan agi puasa,” Kemplu ngomong.

    “Ih rika jos banget loh,” Markonah semaur katon seneng.

    “Nang tengah ndalan cah wadon mau njaluk mudun sedela, dadi tek rem, eh malah gole njagong tambah mepet, ya nyong gole njagong milih maju,ben ora nyenggol, kemutan agi puasa koh. Terus mlaku maning,pas nang dalan manjat, kuwe cah wadon malah nyikep inyong koh, dadi ya tek emutna nyong agi puasa ...” Kemplu ceritane dawa.

    “hmmm...trus priwe kang.?” Markonah takon katon penasaran.

    “Pas tekan ngumaeh, nyongdisuguhi teh panas, ya jelas inyong ora gelem, jebul umaeh sepi bojone jere agi nang luar kota, trus cah wadon mau malah narik tanganku, koh digered maring kamar...”Kemplu cerita.

    “Tapi rika mbok kemutan nek agi puasa...” Markonah ndedes.

    “Lah kuwe....ndilalah pas digered maring kamar, pas banget Bedug Magrib....” Kemplu njawabe kaya ora nduwe dosa.

    Markonah: %#$@*(&^kambi nyrampang sandal meng Kemplu.(*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top