• Berita Terkini

    Sabtu, 24 September 2016

    Kesurupan Ebleg

    GONE Kemplu lagi ana wong hajatan. Nggo ngramekna hajatan, sing duwe umah nanggap ebleg. Ramene ora emut. Kemplu sing pancen seneng ebleg ora ketinggalan mangkat gasik ndeleng nang ngarep dewek.

    Saya suwe ebleg sengsaya rame. Malhah wis ana penonton sing melu kesurupan. Ujug-ujug, Kemplu mencolot maring kalangan. Kemplu melu kesurupan. Deweke njaluk ebleg terus melu ngibing-ibing ora kalah karo pemain ebleg temenan. Wis kaya kue, Kemplu mangan silet karo beling.

    Lagi-lagi gubreg-gubrege Kemplu kesurupan, adine sing jenenge Daplun mlebu kalangan nyedheki Kemplu. "Kang, aku jaluk duit go tuku golak..." omonge Daplun.
    Ora direwes, Daplun nerus ngetutna Kemplu. Suwe-suwe nyekeli klambine Kemplu karo arep nangis jaluk duwit. Senajan Kemplu mberod-mberod, Daplun tetap nyekeli clanane Kemplu.

    Lah ujug-ujug, Kemplu ngomong. "Njaluk aring biyunge..!!!!!" omonge Kemplu karo mendelik.

    GLUBRAGGG...Sing pada nonton pada kejengkang kaya bowling. "Owalah, kesurupane lemboannn..." penontone nyuraki Kemplu. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top