• Berita Terkini

    Kamis, 15 September 2016

    Kepengin Cepet Mantu

    JURAGAN Plekentus duwe anak wadon sing jenenge Markonah. Lumrahe wong tuwa, Plekentus kepengin anake mau cepet keluarganan. Apa maning siki umure Markonah wis 25 tahun. Wis kaya kue, si Markonah ukur-ukur ganti pacar.

    "Mar, kowe kan wis ngumur. Apa ora kepengin cepet keluarganan?" takone Juragan Plekentus mbukak obrolan.
    "Ya kabeh-kabeh kepengin keluarganan lah Pak.." jawabe Markonah.

    "Ya uwis ngenteni apa. Ketone kowe karo Kemplu wis cocok. Tak deleng-deleng kowe karo Kemplu wis pacaran setahun. Seurunge kan paling kowe pacaran sewulan terus putus,..." omonge Juragan Plekentus.
    "Hah, jebule Bapake memperhatikan diriku ya??" omonge Markonah.

    "Ya iyalah. Kepriwe menurutmu si Kemplu??" takone Juragan Plekentus maning.

    "Mas Kemplu pancen beda karo pacar-pacarku ndisit sih Pak.." jawabe Markonah.

    "Beda kepriwe, lewih tanggung jawab mbok?"takone Juragan Plekentus.

    "Nek pacar-pacarku wingi kan sewulan karo aku duite wis pada entong. Lah kie si Mas Kemplu wis setahun karo aku ora bangkrut-bangkrut.."
    GLUBRAGGG... "Iyuuung... Matre kie anakku.." mbatine Juragan Plekentus.(*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top