• Berita Terkini

    Sabtu, 16 April 2016

    Kemplu Wedi Tes Urine

    DINA wingi, Kemplu sing dadi pejabat nang kotane keton susah banget. Ora susah kepriwe jan mau bengi kes pesta jengkol karo pete, mbarang tekan kantor ujug-ujug ana pengumuman test urine.

    Senajan yakin aman merga ora tau nggo narkoba, Kemplu ya tetep isin. " Masa aku kepala dinas ternama, enggane kewenangan kes pesta jengkol? Jan memalukan temen enggane," batine Kemplu.

    Ndilalah, pas lagi galau, bawahane sing jenenge Daplun liwat. "Plun... Kaya ngapa, kaya ngapa pokoke nang tes urine kie, sampel urine ngko ijolan,"omonge Kemplu maring Daplun.
    "Tapi kue jenengane ora jujur pak," timpale Daplun.

    Kemplu akhire njelasaken nek deweke anu nembe pesta jengkol. Dadi tukaran sampel urine ben ora isin. "Aja kuatir kowe berkorban sedela nggo aku. Mengko pangkatmu tek unggahna," ujare Kemplu mbujuki Daplun.

    Mbarang wis ditukar, Kemplu keton ayem banget. "Plun ora usah kuatir bulan ngarep pangkatmu munggah," omonge Kemplu maring Daplun.

    "Ora usah repot-repot, ngunggahna pangkatku Pak. Ora usah ngenteni sewulan. Seminggu maning pangkatku ya mesti munggah. Wong mau bengi aku kue anu kes pesta narkoba. Lah siki sampel uirne wis ditukar karo nggone rika," jawabe Daplun kalem.

    GLUBRAK... Kemplu nggejejer....(mam)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top