• Berita Terkini

    Rabu, 24 Februari 2016

    Kok Ora Mirip Yah??

    PAK Daplun lagi nunggang metromini arep maring kota. Awan kue sesek banget penumpange Pas jejere Pak Daplun ana cah cilik jenenge Kemplu.

    Maune, Pak Daplun ora nggatekna bocah sing jenenge Kemplu kue. Ning suwe-suwe risih, merga Kemplu mandengi deweke bae. "Ada apa Dik. Dari tadi ngliatin saya terus. Ora tau weruh wong ganteng ya?" takone Daplun.

    "Pak, sampean Saipul Jamil ya (artis Saipul Jamil)?" takone Kemplu.

    "Udu, Dik.." jawabe Daplun. Krungu jawabane Daplun, Kemplu meneng. Ning, limang menit takon maning. "Pak Sampeyan Saipul Jamil ya?"
    "Aku kan wis ngomong: udu Dikkk. Aku udu artis Saipul Jamil .." jawabe Daplun.

    Merga risih ditakoni Kemplu terus, akhire Daplun pindah angkutan bus. Lagi bae jagong, Daplun kaget. Jebule, Kemplu melu pindah nunggang bus. Urung ilang kagete, Daplun wis ditakoni Kemplu. "Pak sampean Saipul Jamil ya?" takone Kemplu.

    Akhire Daplun wis ora kuat nahan jengkel. Akhire deweke njawab. "Ya, aku Saipul Jamil. Masalah buat elo?" jawabe Daplun.

    Kemplu meneng sedhela. Ujug-ujug ngomong. "Mmmhh... Oh, sampeyan Saipul Jamil? Tapi kok ora mirip ya??" omonge Kemplu tanpa rasa bersalah.
    GLUBRAKKK........"Iyuungggg....." (*)



    Berita Terbaru :


    Scroll to Top