• Berita Terkini

    Kamis, 28 Januari 2016

    Mbah Kemplu Lagi Meriang

    MBAH Kemplu sing lagi mriang ujug-ujug prentah keluargane ngundang tangga-tanggane, Ketua RT,RW nganti tekan Pak Lurah.
    Sing diundang pada gumun. Akhire melas karo Mbah Kemplu sekitar wong 60 marani umahe Mbah Kemplu.

    "Niki mpun rawuh sedoyo nopo dereng?" takone Mbah Kemplu.

    "Mpun Mbah..."jawabe Lurah Daplun.

    "Alhamdulillah matur nuwun..." jawabe kemplu.

    Pak Lurah Daplun sing kawit mau gumun akhire ora bisa nahan penasaran. Akhire deweke takon. "Mbah, jane ana apa sampeyan ngundang wong sekampung nganti aku lagi rapat karo pak Camat be tek tinggal.." omonge Lurah Daplun.

    "Dadi aku ngundang pak Lurah plus warga kie merga kie..." ujare Kemplu karo ngecungna botol obat.

    "Apa hubungane ngundang wong sekampung karo botol obat Mbah?" Pak Lurah Daplun sengsaya gumun.

    "Wah sampean pada ora mudheng. Kie nang botol obatku kan ana tulisan Botol harus Ditutup dengan "Rapat". Lha siki aku ngundang sampean keperluane "Rapat," jawabe Kemplu.

    GLUBRAK...Wong sekampung pada kejengkang kaya olah raga bowling. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top